Jumat, 13 Juli 2012

ing sawijining wengi

sumiyut sumiliring angin
nmbus selaning gegodhongan
tumlawung tumekaning bantala
gya sumusup sajeroning atiku

nanging,
wengi iki ora kaya padatan
wewayanging sliramu tansah gumlibed
tumrawang ing pandulu

ya iki sing tinengaran ing katresnan
tansah angreridu ati
amung kanthi pandonga lan iklas
tumuju marang sliramu

kanthi sumiliring angin
kekarepan lan panjurung
muga ndadekake tujuan kang utama
wekasan tansah rahayu lir ing sambikala

Tidak ada komentar:

Posting Komentar