Selasa, 23 Maret 2021

Pituture Biyung

Keprungu kekidungane angin wengi sing kebucung wektu.

Kabeh liwat prasasat tanpa pamit.

Ndrudul tanpa aling-aling.

Ing kene aku sing mung bisa sumendhe Pancadan Ning Tyas sing esih kasisa.

Aku mung bisa ngrasakake sih tresnamu sing esih krasa.

Gawe panjurung semangat sing wis layu.

Ya gene Le....

Elingen Welinge Biyung.

Elingen Kabeh pituture Biyung.

Sing wis ora kepetung cacahe. 

Dadinen Cahya ing sajerone Atimu.

Sing bisa gawe pepadhang kadya Rina.