Minggu, 15 Juli 2012

Geguritan sing wiwit cures

Jaman tansaya maju
kabeh ngeblat marang budhaya manca
wiwit sandhangan
pocapan
lan polah

wong-wong jawa pindha manca
nora katon jawane
ilang kabudayane
tetembungan uga wus sumingkir
kabeh malik grembyang

senajan mengkono
wong manca malah tresna marang budaya jawa
ing jaman saiki
budaya jawa malah dadi duweke wong manca
wong jawa mung dadi 'penonton'

suwe-suwe
wong jawa mung mrayang
ora nduweni apa-apa
jinajah manca jiwa raga
wekasan kabur tanpa tilas

ayo kanca padha nguri-uri budhaya jawa !

Tidak ada komentar:

Posting Komentar