SERAT KAWRUH SANGGAMA
Amarsitakaken patrap sarta mantranipun saresmi.
Ingkang saged karaos marem tumrap wanita.
Tuwin prayogi kadadosaning putra.
Ingkang saged karaos marem tumrap wanita.
Tuwin prayogi kadadosaning putra.
Kaimpun dening : Raden Bratakesawa
Ing ngajeng redhaktur Budi Utama ing Ngayogyakarta.
Ing ngajeng redhaktur Budi Utama ing Ngayogyakarta.
Lare ingkang dereng dewasa kaawisan maos serat punika.
TJETAKAN YANG KEDOEA
Kawedalaken sarta kasade dening :
TAN KHOEN SWIE
ING KADIRI, 1927
Kawedalaken sarta kasade dening :
TAN KHOEN SWIE
ING KADIRI, 1927
*************************************************************
Bubuka
Sampun dangu anggen kula gadhah
sedya ngarang serat kawruh sanggama punika, amargi kala kula wiwit
ngikat birahi ngantos wanci tumambirang : maos serat-serat gugubahanipun
para sarjana ing jaman kina ingkang isi kawruh bab sanggama, kadosta :
wedha asmara, nitimani, asmara gama, susila sanggama, lan
sapanunggalanipun. Pangraos kula mboten gampil sagedipun inggal dipun
mangretosi suraosipun dening saderek kula para mudha ingkang dereng
kathah anggenipun dhahar jalaran serat-serat wau satunggal kaliyan
satunggalanipun wonten ingkang geseh, tur panganggitipun sami kathah
sesekaranipun sarta mawi seselang tembung kawi tuwin tembung monca
sanesipun ingkang angel sagedipun enggal cumantheling manah. Nanging
kala samanten niat kula wau dereng saged kalaksanan dening kaalangan ing
pakaryan.
Samangke kula sampun ngancik
satengah sepuh, awon ngigur maosi maleh serat-serat kasebut nginggil
cap-capan ingkang kantun kanthhil teka kathah temen ingkang pinanggih
lepat ing pangecapipun ngantos andadosaken kalintuning suraos tarkadang
malah tanpa teges, punika anjalari manah kula lajeng kagugah maleh,
asreng ngarang serat punika.
Menggah pangarang kula serat
punika sayektosipun inggih namung ngimpun sarta ngethak-ethukaken
karang-karangipun para sarjana wau, kula gubah kula runtutaken
suraosipun kula pewah, pamanggih kula piyambak ingkang sasaged-saged
kedah pinanggih ing nalar, kados karsanipun saderek kula para mudha ing
jaman samangke.
Panggubah kula serat punika
ingkang kathah ngangge tembung jarwa wantah kemawon. Mila inggih radi
ketingal lekohipun. Ing pangangkah namung sagedo cetha, ingkang maos
gampil mangertos suraosipun, mboten langkung namung aksamanipun para
nupiksa kemawon ingkang tansah kula suwun.
Rampunging pangarangipun wonten
ing kitha Kadiri, ing dinten ngakat legi, tanggal kaping 28 Pebruari
1926 tinengeran (prasa karonsih trusing ati) utawi 14 ruwah, warsa : be
1856 tinengeran (rahsa tinata ngesthi putra).
Kathandan : ingkang ngarang
N.B :
Cap-capan ingkang kaping kalih
punika, mboten namung kula lepasaken ingkang lepat ing pangecapipun
kemawon : prasasat kula bangun malih, supados langkung cetha suraosipun.
####
I. MULA BUKANING KAWRUH SANGGAMA
Sampun kodrat priya punika manawi
ningali wanita lajeng tuwuh manahipun remen, sengsem, mekaten ugi kosok
wangsulipun, remenipun wau beda kaliyan remen ingkang tumrap dhateng
barang. Sayektosipun lajeng kepengin sajiwa utawi salulut dening kodrat
ingkang mekaten wau kita lajeng gadhah panganggep manawi ingkang Maha
Kawasa pancen anglilani sarta paring dhawuh supados kula sadaya bangsa
manungsa sami ambabaraken tuwuh mong kaisenipun marcapada. Sinten
ingkang ngestoaken dhawuh wau sami pinaringan ganjaran kenceng : raos
nikmat ing salebetipun tutik.
Ananging sarehning manungsa
punika beda kaliyan sato sanajan, bab sarasmi punika sampun sami saged
nindakaken inggih kedah nganggeya tata karmaning sanggama utawi
susilaning sanggama punika purwanipun wonten kawruh sanggama ingkang ugi
winastanan, aji Asmara Gama. Asmara tegesipun sengseming cumbana.
Menggah bakunipun ingkang kinajengaken dhateng ingkang ngagem aji Asmara Gama wau wonten kalih prakawis inggih punika :
- Tumrap dhateng rasaning wanita sageda wanita ingkang sininggama punika raos lega, rena, marem carem satemah mantep temen ambangun turut dhateng priya.
- Tumrap dhateng putra sageda apuputra ingkang kenging sinebut utawi jalaran saking punika. Mila aji Asmara Gama wau ugi kawastanan, Asmara Dwi Paedah, tegesipun kalih pigunanipun, rahsaning wanita tuwin putra.
Saiba begjanipun manawi priya
saged amengku garwa ingkang ambangun turut bekti ing laki, tuwin
kagungan putra ingkang utami, sangsaraning sangsara manawi kataman kosok
wangsulipun mila kainan sanget manawi priya mboten karsa marsudi sarta
ngagem aji Asmara Gama punika.
Kacarios menggah aji Asmara Gama
punika ing kinanipun ingkang ngagem namung panjenenganipun para dewa
tuwin para nabi, lajeng tumurun dhateng para sinatria ingkang
linangkung, angsalipun aji wau sarana perkaos, kedah tinumbas ing tapa
brata. Sang Hyang Giri Nata (Bathara Guru) duk jaman kina, Bathari yo
sagedipun katarima pinaringan aji wau dening Sang Hyang Tunggal inggih
mawi mesu puja brata jalaran taksih sereng marem ing galih kagungan
putra sakawan mboten wonten ingkang pinunjul. Sasampunipun Sang Hyang
Giri Nata ngagem aji Asmara Gama lajeng saged apaputra Sang Hyang Wisnu
gugunganipun para dewa.
Dados aji Asmara Gama punika
pancen dede ngilmi sembarangan, mila mboten prayogi damel kangge mainan
sayekti malati. Inggih punika : manawi panggilutipun mboten adadasar
panggalih suci, resik, sisip sembiripun kesasar kerem dhateng patrap
pratingkah lalangening cumbana tuwin raos kanikmatan kemawon satemah
dados priya brancah boten pilih-pilih inggih bilahi yektos ngrisakaken
jiwa raga mula saderek kula para mudha : den awawas den emut.
II. PIRANTOSING CUMBANA TUMRAP PRIYA
Pirantosing saresmi tumrap priya
punika wonten ingkang katingal saking jawi sarta wonten ingkang dumunung
ing lebet katarengaken kados ing ngandhap punika :
1. Kalam utawi dakar
Kalam utawi dakar inggih pasta purusa, peranganipun wonten tiga inggih punika :
1). Otot ageng sakembaran jejer
saes dhawuluh ing sanjata panganten, otot punika ing lebet ngrokos
pindha jamur karang dados pirantos wadhah erah. Manawi nuju kothong :
dakar empuk yen kilen erah dados atos saya kathah rahipun ingkang mili
mriku saya mindhak atosipun kiyat kenceng.
2). Bolongan margi turas lan nutpah, dumunung ing sirahing dakar kapering ngandhap.
3). Urung-urung margi turas lan
nutpah, kaprenah wonten saantawisipun otot ageng sakembaran wau
kaperang ngandhap saestalantakipun sanjata panganten wau. Urung-urung
punika pungkasanipun ingkang satunggal dumunung wonten ing sirah.
Satunggalipun wonten ing poking dakar ugi ngrokos pindha jamur karang,
manawi sampun kilen erah saged melar sarta atos.
Titian kina anggenipun nyukani
paparap dhateng dakar utawi kalam wau kapendhetaken asmanipun para dewa
ingkang sinekti, kadosta : Sang Hyang Surasmara, Sang Hyang Purusa,
sapanunggilanipun. Ingkang mekaten wau saking sangeting anggenipun
ngaosi.
2. Palandhungan
Palandhungan utawi konthol,
punika wujud kulit awangun kantong saged melar sarta mangkeret
limrahipun langkung cemeng tinimbang kulit ing saranduning badan. Ing
lebetipun palandhungan punika wonten paringsilinipun kalih, jejer
gumandhul wonten pokipun dakar mawi kalet-letan ing kendhangan. Ingkang
kiwa limrahipun langkung alit katimbang ingkang tengen, nanging langkung
landhang. Paringsilan punika gembuk-gembuk saged landhung sarta
mangkeret, manawi tiyang saweg ngraosaken nikmating cumban, paringsilan
punika dados atos sabab kalenanipun ing lebet kebak isi erah.
Paringsilan punika peranganipun ing jawi kepara nginggil wonten
amplokipun awangun lintah sarta wonten usus-ususipun ingkang
mengkal-mengkol saes nglangi, ciyuting bolonganipun usus-usus punika
namung sarambut pungkasanipun kempal dados satunggal kaliyan peh.
Usus-usus punika dados urung-urung wedalipun nutpah saking pringsilan.
Wonten ingkang nginten manawi tiyang kebincih punika boten saged jimak
malih, nanging panginten punika lepat sayektosipun taksih saged namung
kemawon boten ngedalaken nutpah, dados boten saged nganarki. Wunguning
dakar punika boten sabab saking nutpah, inggih punika saking kilening
erah kados ingkang sampun kapratelakaken ing ngajeng.
3. Badhening nutpah
Nutpah utawi kama punika awujud
yiyit warninipun pethak monda-monda. Gandanipun saemper kerikan balung
utawi cingat. Wedalipun saking palandhungan wigunanipun kangge netesaken
badhening manungsa. Menggah kadadosanipun nutpah utawi kama wau saking
yiyit tigang prakawis. Inggih punika ingkang medal saking peh, saking
purus, tuwin yiyit ingkang medal saking impes. Yiyit ingkang medal
saking peh punika boten kenthel sarta tanpa gonad, wedalipun kantun.
Dene yiyit ingkang medal saking purus sarta impes punika wedalipun dakar
dados kenceng tuwin nalika ngraosaken nikmat. Yiyit punika pliket ugi
tanpa gonda. Kempalipun yiyit tigang prakawis punika ingkang anjalari
anggonda kados dene kerikan balung. Nanging manawi sampun kenging hawa,
gonda wau sirna. Sarat manawi sampun garing warninipun jibles pethaking
tigan.
4. Satwa mani maya
Satwa mani maya : jarwanipun
kewan kama, inggih punika kewan ingkang alit sanget ingkang dumunung
wonten ing salebeting kama. Dumadosipun wonten ing pringsilan. Wiwit
lare ngangkat birahi kinten-kinten umur 15 tahun, curesipun ing badan
manawi tiyang sampun umur watawis 65 tahun. Satwa mani maya wau saking
paringsilan lumember dhateng peh. Kamaning priya ingkang taksih
kadunungan satwa mani maya, manawi saged gathuk kaliyan tigan badhening
manungsa ingkang dumunung wonten ing wanita lajeng rumesep ing tiga wau
apratistha ing jeneripun ing ngriku wanudya lajeng saged ing garbini.
5. Peh
Peh punika wujud kekempalaning
kanthongan alit-alit dados wadhahing nutpah ingkang badhe kawedalaken
cacahipun wonten kalih, sisih kiwa kaliyan tengen dunungipun wonten ing
saantawisipun impes lan usus jubur. Wangunipun kados poporing pistol,
lumahipun kebak isi jentolan. Nutpah ingkang saking pringsilan
sasampunipun lumampah anglangkungi usus-usus ingkang kados sawer nglangi
wau lajeng kendel wonten ing epeh. Ing ngriku peh lajeng ngedalaken
yiyit inggih punika lajeng dados kama ingkang medal nalika priya
mungkasi cumbana.
6. Purus
Purus punika wujud koyor angeng,
warninipun pethak monda-monda, dumunung ing saantawisipun jangganing
impes wadhah turas kaliyan poking dakar. Wangunipun memper jambu nanging
gepeng, indhenipun katrajang ing urung-urung margi turas pramila manawi
purus wau dados ageng, amargi saking sanget karem olah asmara,
urung-urung wau dados kaslempit andamel pakewed manawi turas.
III. PIRANTOSIPUN CUMBANA TUMRAP WANITA
Pirantosing cumbana tumrap wanita
punika ugi wonten ingkang katingal saking jawi, wonten ingkang dumunung
ing lebet katerangaken kados ing ngandhap punika.
1. Parji utawi Pawestren
Parji punika tembung Arab, tembungipun jawi pawestren, kawinipun baga, peranganipun :
1). Babathuk, wujud daging alus
ing gajih, kabasakaken redinipun Sang Devi Venus inggih Sang Hyang
Ratih. Milanipun anggajih sayektosipun minongka tatanggul supados
pameteking priya duk kala cumbana boten angremekaken balung enem ingkang
dumunung ing lebet, babathukipun lare estri ingkang sampun ngangkat
birahi punika adatipun kathukulan rambuting prentel, trus mangandhap
urut korining parji.
2). Korining parji inggih
punika blewehanipun parji ingkang katingal saking jawi. Limrahipun
mingkem adhames nanging wanita ingkang metdaging utawi ingkang sampun
kerep ambabaraken putra boten makaten kawontenanipun.
3). Lambe ageng wonten ing
lebeting kori ingkang jawi piyambak saestha wengku. Piranganipun lambe
ageng ingkang jawi awujud daging kandel pojokipun ing nginggil gandheng
kaliyan kuliting bathuk sangandaping pojok punika wonten dagingipun
menthol kawastanan indreng. Lare estri jawi ingkang sampun umur 6 utawi 7
taun, pojokipun lambe ageng ing ngandhap dumunung ing kawet sacelakipun
jubur. Manawi wanudya nglairaken jabang bayi ingkang ageng, perangan
ing ngandhap wau asring suwek, nanging lami-lami saged pulih malih.
4). Kawuping parji kawastanan
lambe alit inggih punika lambe ageng ing perangan lebet dados inggih
gandheng kemawon kaliyan lambe ageng wau. Awarni daging alus malerah
abrit dados pirantos nuwuhaken raos nikmat tumrap wanodya. Kuwup punika
pojokipun ingkang satunggal dumunung ing ngandhap satunggalipun
nyonthong manginggil awujud daging menthol berut-berut kawastanan purana
utawi waga prana.
5). Purana utawi Waga Prana
dados pirantos tuking kanikmatan tumraping wanita. Kadadosipun sarta
lageyanipun boten beda kaliyan dakar, inggih punika saking otot-otot
ingkang alus. Waga prana punika manawi kagepok wanita ngraosaken keri
sarta nikmat kathah tiyang ingkang cawuh ambedakaken indreng kaliyan
purana utawi waga prana punika. Ing serat bau sastra jiwa kawi : purana,
waga purana, kaliyan indreng (itil) punika pancen kadamel sami. Ing
tembung walandi inggih makaten, anggenipun mastani indreng punika
kittelaar, tembungipun latin clitoris. Ing Kramers Woordentolk
anggenipun nerangaken makaten : clitoris (latijn) kittelaar, vrowelijk
orgaan der geslachtelijke prikkolbaarheid. Nanging mirit katranganan ing
nginggil sayektosipun indreng kaliyan purana punika piyambak-piyambak,
indreng : punika turutanipun lambe ageng, dumunung ing pojokipun lambe
ageng ing sisih inggil dados ragi ing jawi. Sareng purana utawi waga
prana : punika turutanipun kuwup (lambe alit) ugi ing sisih inggil dados
dunungipun ragi nglebet. Ingkang saged nuwuhaken raos nikmat tumrap
wanita sarta anggadhah ing watak keri manawi kasenggol (prikkelbaarheid)
punika purana, indreng : boten.
6). Daging song. Ing
ngandhapipun babathuk baga ingkang nglebet punika wonten dagingipun
ingkang kawastanan daging song, dipun parabi Sang Hyang Lambira.
Agengipun sami kaliyan mentholing bathuk baga. Song wau manawi kasenggol
wanita karaos keri, song lajeng mekrok saestha kewan kintel manawi
kasenggol, mekrokipun wau andadosaken karaos nikmat ing sakali-kalihipun
(wanita lan priya) daging song kaliyan purana punika inggih sok jumbuh
anggenipun mastani, mungkasa yektosipun kathah sanget bedanipun, purana
punika daging menthol alit, song punika ageng : sami mentholipun baga,
dunungipun langkung lebet malih tinimbang purana. Ing serat nitimani
nyebataken manawi Sang Hyang Lambira (song) punika dunungipun wonten ing
wurining purana, nanging punapa tembung purana ing serat nitimani wau
ingkang dipunkajengaken indreng, punapa purana ingkang sebut ing wangka 5
ing nginggil punika : boten terang, amargi ing serat nitimani boten
mratelakaken bab perang-perangan wau.
7). Margi turus, dumunung
sangandhaping purana. Letipun dados pungkasaning margi turasing impes,
ingkang nama impes punika kanthongan wadhah turas dumunung wonten
sanginggilipun baga.
8). Pastiawa. Punika lenging
parji. Manawi taksih prawan katutupan ing kendhangan alus kawastanan
kulit prawan utawi beteng. Beteng punika wonten bolonganipun ciyut
manawi katemben rinurah ing kakung : beteng wau bedhah sarta ngedalaken
erah mila kenya ingkang saweg sapisan rinabasing priya punika karaos
sakit (perih). Beteng wau ugi saged bedhah jalaran dhawah utawi
kaplengkang kala alitipun.
9). Kuwung-kuwung. Inggih
punika urung-urung saking pastiawa dhateng borining pranakan dumunung
saantawisipun impes lan usus ageng ing jubur. Wangunipun saestha
bumbungan nanging gepeng saya nglebet saya jembar. Adekipun boten jejeg
lan boten sumeleh, inggih punika mayak, kuwung-kuwung punika awujud
kulit kados babad saged melar mingkup sarta tansah teles semu
kiner-kiner.
2. Pranakan
Pranakan ugi kawastana wadhah
bayi, dumunung saantawisipun impes kaliyan usus ageng ing jubur, sumeleh
ing pungkasaning kuwung-kuwung, ing kiwa tengenipun dipun uwat-uwati
kendhangan saestha lurub sarta otot gilik, adebipun pranakan wau ugi
mayak nunggil sipat kaliyan pastiawa tuwin kuwung-kuwung. Pranakan
punika wangunipun kados kalenthing, sarta bolonganipun ing nglebet
kadugi namung isi wiji jiram pesel satunggal nanging manawi sampun
wonten isinipun jabang bayi saged melar ngebat-ebati. Peranganipun
wonten tiga inggih punika ingkang amba lendhuk kawastanan badan ingkang
menggik kawastanan jongga, ing pungkasaning jongga kawastanan kesan
utawi lenging pranakan gandheng kaliyan kuwung-kuwung, warninipun lesna
punika kados silet ayam, wanita ingkang sampun nate ambabaraken putra,
leng wau wonten tilasipun suwek wanita ingkang dununging pranakanipun
lebet mongka pasta purusanipun kakung kirang panjang, boten saged
puputra, amargi panyemproting satwa mani mayanipun kakung boten saged
dumugi lenging pranakan. Makaten ugi manawi lenging pranakan wau
kepepetan erah sasakit sasaminipun inggih boten saged puputra.
3. Sopanaan Tiga
Sopanaan tiga punika talang
tiganing manungsa, wujud bumbungan otot alus kados usus cacahipun kalih,
kiwa kaliyan tengen gathuk kaliyan pranakan wonten ing lompongan
ingkang wiyaripun namung cekap bobat satunggal talang tigan punika dados
marginipun tigan ingkang dumunung wonten ing urita rentah lumebet
dhateng pranakan tuwin dados marginipun kamaning kakung ingkang sampun
lumebet ing pranakan badhe methukaken lampahing tigan wau. Tigan kaliyan
kama wau manawi gathuk wanita saged anggarbini.
4. Uritan
Uritan punika penggenanipun tigan
badhening manungsa. Wangunipun bunder bligon warninipun pethak ing
nglebet abrit sarta ngrokos pindha jamur karang, isi bayu pinten-pinten
sami pluntiran, uritan punika dados timbunganipun pringsilan kaotipun :
pringsilan anggenipun nuwuhaken kewan kama (satwa mani maya) wonten ing
nglebet uritan anggenipun nuwuhaken tigan wonten ing jawi. Dunungipun
uritan punika wonten ing pungkasanipun talang tigan. Tigan saking uritan
badhe lumampah dhateng pranakan punika, boten saben-saben nurut ing
talang tigan terus saged dumugi ing pranakan nanging mawi katampen ing
trompet rumiyin, trompet punika peranganipun ing ngandhap bolong sarta
ing pungkasanipun mawi gombyok kawastanan pranye. Gombyok wau terkadhang
nutupi lenging talang tigan mila lampahing tigan wau sok sasar
kecemplung ing bolonganing trompet ing ngandhap wau, terkadhang
kaalang-alangan ing pranye, satemah boten saged dumugi ing pranakan.
IV . PATRAPING CUMBAN KANTHI ASMARA GAMA
Patrap utawi pratingkah ing
saresmi punika warni-warni, kadosta : miring, anjebing, lenggah, mangku,
ngadeg sukuning wanita dipun panggul, wanita wonten ing nginggil,
sapanunggilanipun, ingkang murih sukaning galih, ananging patrap ingkang
makaten wau sayektosipun kirang mikantuki tumprap salih-kalihipun.
Sarta kenging kabasakaken kekathahen polah boten pasaja.
Ing ngatasipun aji asmara gama,
punika boten namung murih leganing prana kemawon inggih ugi amrih
leganing rahsa sajati, mila kedah ngangge patrap pratingkah utawi tata
kramaning sanggama ingkang prayogi (susila sanggama) sampun kadamel
mainan kasukan.
Menggah pratingkah ing cumbana ingkang mikantuki punika kacariosaken kados ing ngandhap punika :
Manawi badhe matrapaken sacumban,
punika utaminipun priyantun kawing kaliyan putri lenggah rumiyin
ajeng-ajengan, ardaning driyanipun asrep-asrepa, ponca driya kaleremna,
sawarni kados badhe muja semedi. Nunten astaning priya ingkang tengen
anyepenga dariji manisipun wanita ingkang kiwa, lajeng kapijeta
sawatawis supados wanita kraos manahipun gadhah greget saut pyur tratab,
ngantos karaos ing jisimipun estri, titikanipun keketekipun estri
mungel deg-deg, asring kepireng ajeng-ajengan, nunten kakung angasta
agigirpun estri dumugi walikatipun tuwin angarasa poking karna ingkang
wradi ngantos dumugi grananipun wanita. Tumunten angalapan pasipun
estri, katariking napasipun kakung, ing batos nyipta angalap manahipun
wanita wau. Lajeng angaras alarapanipun estri, sarta anyiptaa malih :
ngalap warni, kala kuwan tuwin nyawanipun wanita wau sarana dipun aras
embun-embunanipun, sadaya wau kedah katindakaken kalayan sabar sareh.
Menggah anggenipun mawi patrap
kados ing nginggil punika wau, saking pamanggih kula ingkang dipun
kajeng ngaken makaten : sapisan, supados hardaning priyanipun priya
boten ngombra-ombra, panggalih boten daya-daya, pikantukipun adamel
dangu medaling rahsa, satemah adamel leganing prana tiwun prayogi
tumraping putra. Kaping kalih, mawi angeningken cipta angalap manah
tuwin nyawanipun wanita (aji asmara cipta), punika manawi katrimah nggih
prayogi sanget. Awit saged adamel lega rahsa ning wanodya ingkang
sajatining rahsa, pikantukipun wanita saged karaos marem carem lair
batos. Kaping tiga, mawi mijet dariji, ngaras sapanunggilanipun punika
minongka panggungah supados manahipun wanita saged karaos rahsanipun
saged kabuh, pikantukipun garegeting wanita saya mempeng, dununging
rahsa enggal cumawis. Satemah gampil ing pangrurahipun, sayektosipun bab
patrap ingkang mongka pambukaning rahsa punika inggih kenging nganggep
trap sanesipun makaten punika. Namung anggeripun boten sanget saru kados
satataning sato, dene utaminipun anindakna aji asmara wanita kasebut
ing wingking, mongka pambukaning rahsanipun wanita wau.
Sasampunipun makaten, wanita
lajeng karangkula, kasarekaken ing kajang sirah ingkang alon ririh,
jengkuning estri kalih pisan katekuka : kasedhekusna manginggil, ragi
kabenggang sawatawis, kempol karapetna ing pupu, tungkak karapetna ing
pocong saestha kadamel nyagatki. Priya lajeng amatrapna sariranipun
pribadi, patrapipun mangkurep suku kalih pisan kaslonyjorna ingkang
rapet, padharan kaabena sami padharan. Jaja katumpangna payudara den
ririh (anggah-anggah) astaning priya ingkang tengen kasedekusna, asta
ingkang kiwa kabantalna ing cengelipun wanodya.
Manawi sampun makaten priya lajeng amaos mantranipun aji asmara gama ing salebeting batos kadosing ngandhap punika :
“Hong hyang-hyang kama jaya ratih, surap sara-surap sarining asmara, ulun mawisik wanita, satemah yumana kang rahsa, sing dayeng aji asmara gam, myang wiseseng paduka”.
Bakda punika lajeng amaosa mantra malih, mongka panariking wiji ingkang utami, makaten :
“Hong hyang-hyang dhada pratingkah, ulun manuhun lumeraheng wijining manusa wakang minulya, mokasuting ulun sing wiseseng paduka”.
Sarampunging pamaosipun montra
wau kenging lajeng miwiti nindakaken sanggama. Lebeting pas purus
ingkang alon saking sakedhik, manawi pasta purus sampun dumugi ing kuwup
lajeng kaangkah-angkaha sagedipun tansah anggo soka esong, pandedelipun
ingkang ajeg lan alon-alon manut panjing wedalipun napas, ing
salebetipun makaten bilih karsa angaras : angaras saantawising pipilan
grana. Panggalintiring penthil kaangkah amurih kerinipun, thukuling raos
daya-daya kedah tansah dipun perangi wontenipun namung sareh,
ngarah-arah. Empaning sanggama kacipta amanggen wonten ing pucuking
pasta purusa.
Manawi song wau tansah kagosok
estri karaos nikmat sarta keri, adat ingkang sampun kalampahan lajeng
ngedalaken toya ingkang kados yiyiting mina. Ing ngriku kerinipun saya
wewah, nyarambahi ing badanipun sakojur, gregeting karsanipun estri
katawis saya mempeng, sautipun pastiawa karaos saya kiyeng, watakipun
lajeng buteng, inggih punika lajeng palintiran ngulat-ngulet utawi damel
solah bawa sansesipun, ingkang sayektosipun ambiyantoni solah ing pasta
purus : supados nyenggol ing dununging prasanipun.
Tumrap estri ingkang sampun
kawical lenyeh ing kakung, wiwit sinanggama : sampun damel solah bawa,
anggenipun damel solah bawa punika mawarni-warni, tanpa mawi taha-taha
utawi rikah-rikuh, malah pangraosipun : solah bawanipun wau satunggaling
wignyan ingkang saged damel sukaning kakung. Nanging satemenipun :
pancen inggih, kathah priyantun kakung ingkang lamlamen dhateng solah
bawaning wanita ingkang makaten wau. Dene tumrap wanita ingkang sae
saha, solah bawanipun wau namung samadya kemawon : manawi sampun karaos
keri sanget jalaran inggih rikuh manawi kadakwa lenjeh ing kakung punika
wau.
Ing wekdal wanita greget sautipun
katawis saya mempeng wau, priya kedah nimbangana, inggih punika dedel
sendhalipun pasta purusa ragi kakerepana sarta karosanipun kaajegna.
Sasampunipun makaten sukuning estri lajeng kawudhara : salonjor, pupu
karapetna sami pupu, dene pupuning priya kalih pisan inggih lajeng
katumpangna ing pupuning wanita. Salajengipun bab pangaras sarta
panggalintir penthil ugi kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil
utawinipun mawiya anyecep lathiningt estri ingkang ririh, sarta sarira
kagosokna sami sarira ingkang waradin, manawi solah bawaning wanita
sampun katawis saya buteng, kados bathara kala krodha badhe anguntal
jagad mratandhani manawi sampun badhe amudhar prasa, inggih lajeng
kapungkasana, sarana ngerepaken sendhal dedeling pasta purusa, adat
ingkang sampun kalampahan boten dangu wanita lajeng mudhar prasa, mila
sirahing purusa karaos kados dipun ameti ing lambening kenya gondhang,
(gineget ngepuh kama). Inggih punika korining kayanganipun Sang Hyang
Kamajaya binuka medal minongka rahsa pita. Tarkadhang asring kepireng
swara mak cethut dening rosaning panggeget amargi saking leganipun,
pratandhanipun malih manawi wanita wau sampun madhar prasa, sariranipun
ngalumpruk marlupa kados oncat yitmanipun sarta asasambat ingkang damel
trenyuh ing manahipun priya. Tumrap wanodya ingkang sampun asring-asring
leledhang ing taman lambang sari, asring sambat pejah, boten purun
pisah, sasaminipun kados inggih-inggiha. Dene tumrap wanita ingkang
sae-sae, adatipun namung sasambat kapurih nyampuni, dening pancen sampun
rumaos kalegan prananing rahsa.
Dene utaminipun duk kala badhe
mungkasi wau, manawi priya sampun karaos gumreget badhe ngelaken rahsa
(kama), punika lajeng wiwit amegenga prasa, tancebing cipta ing gayuha
utama. Manawi kama sampun medal pasta purusa katetepna den ngantos netep
kakendelna panggosokipun ing ngriku lajeng amepeta ponca driya,
eninging panggalih anggayuh utama kalajengna. Pikantukipun : manawi
kasusupan wiji mongka lantaraning dumadi, badhe prayogi kadadosanipun.
Wonten matih patraping cumbana
ingkang saged damel leganing wanita, ananging priya sok boten betah,
jalaran kedah ragi sawatawis dangu ing panggosokipun, patrap wau estri
salonjorna bokong kaganjela ing kasuran alit supados baganing estri
saged mangal, sukuning priya kapethangkongna, (kasedhekusna mregagah),
padharan ugi kaabenna sami padharan jaja katumpangna ing payudara.
Panggosoking pasta purusa dedel sandhalipun kabandulna manginggil
supados sageda anggosok song, kridhaning bokonging priya sawatawis
kaegol-egolna manangen mangiwa. Bab pangarsa paneceping lathi,
salajengipun ugi kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil.
Patraping sanggama ingkang kasebut ing serat nitimani kados ing ngandhap punika wosipun :
Kalamun pasta purusa, wus kiyeng
kiyet santos, kwehning saya wus samekta, iku nulya katindakna, umangsah
ing rananggana, sayekti datan kuciwa, katempuh ing rananggana, sayekti
datan kuciwa, katempuh ing bandayuda, nanging ta dipun prayitna, ing
tendak aywa sembrana, gone bakal nuju prasa, mring wanita mengsahira,
supaya lega ning driya, wruh antawisipun waspada, jroning pasti kono
ana, musthikaning rasa mulya, rineksa para jawata, karan Sang Hyang
watapatra, utawa Sang Hyang gambira (song), dumunung wuri purana, yen
tinempuh dening gada, watak keri prasanira, nuli babantune prapta,
pipingitan ing jrobaga, ingaran sang hyang asmara, asisilih Sang Hyang
Cakra, kang abi praya sarosa, wimbuh keri ngriming ngira, anarik daya
ajunya, mring Sang Hyang purnama sangko utama Sang Kamajaya, pameting
rahsa mangkana, srana ngagem mawi saya, pratingkah ukeling pasta,
kacarita solah hira, duk marwani lumaksana, karya pupusuking yuda,
kwehning daya sanis kara, aywasi nerusa rosa, ing tindak kedah saronta,
pangangkah amung muriha, keri prasaning wanita, kalawamun wus sawatara,
campuh ing pring lama-lama, papalu tumempuhira, pinindha upama gada,
tinangkis ing bonda baya (tameng), saking rosaning panggada, kuwating
panangkis sira, wekasan metu dahana, mubal sumundhul ngakasa, susumuke
ngemu pega, kukus katut samurana, prapta tumanduking prasa, kekerining
mengsahira, gumriming saya andadra.
Gantya wau sang wanita, genya
tadhah bonda baya, mubal wetuning dahana, sumarambah ing sarira, tan
kuwawa anaenna keri gumriminging prasa, saya harda ngombra-ombra, wantu
wataking wanodya, yen wus liwung kroda nira, ing budi datan saronta,
sigra amusthi sanjata, warastra mongka pusaka, tuturunan sang jawata,
ganjaran Hyang Girinata, piningit sajroning baga, yeka kanghru
barunastra, sumembur angemu tirta, toya lir yiyiting mina, angalem pasta
purusa, wauta sira sang pasta. Silem kineleming tirta, tan
montra-montra riringa, ing solah saya gambira, pangeburing barunastra.
Lir ombak samodra bena, gangge lumut satepinya, samodra karoban toya,
ngempel ngumpu ? Lir tinata, babarisa warata bala, kadi gelar cobra
banyua, bobondhot bundheting pasta, nging tan surut saya rosa, liwung
pamukireng yuda, mangkya gantya cinarita, ramening prang bratayuda,
nulya kono ana swara, lamat-lamat kapiyarsa, surasa asung samita, wiyosa
kadya mangkana, eh kulup sira sang pasta, po mangger dipun prayitna,
panarik sendhaling gada, maju miwah undur rira, papane lunyu sadaya, wus
tan kena tinulaka, wit iluning barunastra, saya adres panemburnya, dene
gon malumaksana, lamun lena yekti ina, yen kaplesed angsahira, rebah
nindhihi gada, katikel dadya rubeda, ing jro aran roga brata, pileg ing
kadadeyannya, lan kulup weruha, adat wataking wanodya, yen wus
ngedalaken tirta, kang kadi yiyiting mina, gumriminge saya harda,
mempeng sereng ngireng prasa, kawistara sarapira, kiyat kiyeng
sariranya, sawonda kejeng sedaya, dene lamun wus mangkana, sira adar
beya sedya. Tutulung mring mengsah ira, tumraping asmara gama, tan liya
amung wisaya, silahing pusta purusa, sinengkakna pamukira, tempuh
pamukuling gada, kang ajeg lan den kerepna, kalawan dipun waspada,
amawasa ing sasmita, adat wantuning wanita, yen wus liwung pamukira,
nulya kagawe lelewa, pratingkah solah ingkang ga, wit saking kurang
prasaja, sajatine karsanira, biyantu solahing pasta, kinen nuju
amrenahna, mring dununging prasa sira, kang supaya tinrajangnga,
sinondhal pucuking pasta, ing kono dipun turuta, sakarsanireng wanodya,
yen pinareng datan lama, wanita amudhar prasa, yekti ana wataranya,
gara-gara jroning baga, anyodol pucuking pasta, iku saka kira-kira,
laraping reca gupala, kabukaning kang wiwara. Jineking Hyang Kamajaya,
aliya tondha mangkana, ing sayekti kawistara, kawawas sawarna nira,
ingkang ga sakojur wanda, anglir kaoncatan yitma, lesu ngalumpruk
marlupa, kadi-kadi tan kuwawa, anandhing enaking rahsa, sasambate melas
sarpa, karya trenyuh ing wardaya.
Patraping cumbana ingkang
kawarsitakaken ing nginggil punika wau kenging dipun wastani sampun
nyekapi, liripun dene sampun seged damel leganing wanita, pratondha
angganipun ngalumpruk marlupa yayah kaoncatan yitma. Ingkang prelu, ing
salebetipun saremi, wau priya kedah amawasa ulat liringing wanita, tuwin
inggih amawas sariranipun pribadi. Manawi panggalih sampun karaos lega,
maren sarem ing salih-kalihpun upami dahahar makaten sampun karaos
tuwuk prayogi kapungkasana saperlunipun, inggih punika nalika wanita
mudhar prasa wau priya nyarengana wedalipun kama. Nanging manawi
liringing wanita sanajan sampun wudhar prasa : nanging sajakipun dereng
patosa lega, upami dhahar makaten taksih kedah tanduk utawi manawi priya
pribadi ingkang rumaos dereng lega, inggih sampun anyarengi ngedalaken
kama, dados wanita mudhar prasa piyambakan, dene manawi priya karaos
kelayu badhe tumut mudhar prasa (ngedalaken kama) kedah dipun ampet
kalayan tahan, sarananipun ngampet makaten :
Kedah manggen wonten gajeging
gela, sampun ngantos kadamel lega, tegesipun : manahing priya sampun
kadamel lega, angenget-angeta gelanipun, pasta purusa kakendelna rumiyin
wonten ing jawi utawi wonten salebeting kuwup gumantung seneng
parengipun panggalih. Manawi sampun ragi aring, raos kelayub dhemudhar
prasa wau sampun ical, kenging tumunten kalajengaken malih, nanging
sampun grusa-grusu, sampun daya-daya, awit sang wanita wau sariranipun
marlup, mila kedah dipun arih-arih, bok manawi kapareng dhangan ing
panggalih. Priya kedah angempakna tembung manuhara, manis sedhep ing
wicara, den bisa nuju prana, angatingalna katresnanira. Manawi sampun
wonten antawisipun kepareng, patrap pratingkahipun inggih tan prabeda
kados ing nginggil, sang wanita kagugaha kerining prasanipun, adat
ingkang sampun kalampahan boten antawis dangu wanita lajeng pulih malih
kakiyatanipun, tandanmgipun kados raseksa badhe amangsa daging. Ing
ngriku priya ingkang prayitna, kenging lajeng dipun kerepi sendhal
dedeling pasta purusa, sarta lajeng angedalna kama; nyarengi pamudharing
prasanipun wanita, dados wanita mudhar prasa kaping kalih, priya
sapisan.
Ing serat paniti sastra,
gugubahanipun bagawan palasara ingkang sampun dipun jarwakaken dening
Sang prabu Jayabaya (*) ing bab 85 nyebutaken makaten : menggahing
sanggama, tiyang jaler lan punika saminipun pawestri, mila
pangandikanipun dewi drupadi : boten wonten pawestri tuwuk ing kakung.
Nanging ungel-ungelan punika sayektosipun tumrap priya ingkang boten
ngagem aji samara gama. Manawi priya saged nguja karsaning wanita kados
ingkang kapratelakaken ing nginggil nika, wanita inggih saged karaos
tuwuk sayaktos malah kacariyos tuwukipun wau sagen kangge ing
salebetipun saminggu.
Kacariyos katrimahipun aji asmara
gama ingkang makaten punika, wanita karaos angsal sarining kanikmatan
ingkang linangkung, sarta tansah enget salaminipun gesang dhateng tanduk
solah bawa tuwin warninipun kakung, sanajan tebih inggih tansah
katingal gawang-gawangan tuwin boten kasupen raosing kanikmatan wau.
Mila priya ingkang sampun widagda dhateng aji asmara gama wau, sanajan
mengku pawestri ingkang lejeh pisan insya Allah saged malik dados
narimah, manut miturut sapangreh ing kakung, rumaos boten saged pisah.
Manawi wonten alangan pisan, mongka estri wau sinanggama ing liyan
kakung, ing salebeting cumbana wau tansah karaos cuwa, gela, sarta
kengetan wawentahan dhateng raosing kanikmatan nalika sinanggama ing
kakung ingkang undhagi aji asmara gama wau, dening priya beda sanget
raosipun awit sang widagda asmara gama wau, boten namung saking
sagedipun dateng bab patraping sanggama : anuju prasaning wanita kemawon
inggih saking katarimah anggenipun nyipta ngalan manah tuwin nyawanipun
estri wau dados wanita karaos kalengan sanget rahsanipun sajati. Pancen
inggih boten gampil nindakaken aji asmara gama punika, nanging wonten
babasanipun : sapa temen-temen: tinemu. Dados manawi wonten priya karsa
cumbana sarana roda paksa utawi namung kangge mainan sasaminipun punika
boten kalebet ing wawarahipun kawruh sanggama punika.
Manawi priya sampun widegda
sayektos nindakaken aji asmara gama makaten punika, sanajan pasta
purusanipun alit utawi ageng, celaka, panjanga, sampun sami kemawon :
saged damel suka renaning wanita. Nanging priya ingkang dereng saged
nindakaken aji asmara gama : boten makaten, manawi pasta purusanipun
alit : wanita karaos cuwa, manawi ageng : karaos sebab, yen celaka
karaos kemba, yen panjangka raos sakit, dene manawi cekapanan ageng
sarta panjangipun sanajan wanita sanged karaos sekeca, nanging inggih
boten saged karaos lega. Dene cumbana ingkang ngantos dangu wekdalipun
manawi priya dereng widagda aji asmara gama punika malah adamel anyel
manahing wanita.
Wonten sarjana ingkang kagungan
pamanggih, manawi citra tuwin saniranipun wanita punika perang
pinten-pinten warni, wonten namanipun piyambak-piyambak punika manawi
sinanggama inggih wonten kawruhipun piyambak-piyambak anggenipun
ambukani (miwiti) nglebetaken pasta purusa, amrih enggal kabuka
rahsanipun, nanging bab punika kajawi angel anggenipun mastani utawi
andunungaken selehipun satunggal-tunggaling citra wau, tuwin sagedipun
apal patrapipun miwiti, sayektosipun patrapipun wau inggih namung
sakedhik sanget bedanipun kaliyan ingkang sampun kajarwa ing nginggil,
bakunipun patraping sanggama punika namung kedah amuriha keri prasaning
wanita, makaten salajengipun ngantos wanita mudhar prasa, ing ngriku
priya kedah waspada ing semu, duk kala wanita badhe mudhar prasa wau,
pasta purusa bedah ragi sineru sendha dedelipun, manawi wanita sampun
mundhar prasa, priya anyrengana ngedalaken kama, pasta purusa katetepna
ngantos pokipun dumugi ing kuwuping parji tuwin sirahipun dumugi ing
lesaning pranakan lajeng kinendelan ing ngangosokipun, ing ngriku
pucuking pasta purusa karaos kados dipun ameti ing lambe keyong, inggih
punika wiwaraning wanita angepuh kamaning priya, manawi kaleresan
wahyaning mongso kalasang wanudya lajeng saged anggarbini. Adatipun
sakaliyan senggoring napas saderengana sarta mawi gonda ambeting hawa
arum angambar pindha ganda sekar melathi ingkang dhedheng ambabar sari,
mretandhani tumruning cahya adi mulya dhateng guwa garbaning wanita
alantaran priya.
Para jajaka purun ingkang kirang
seserepan sami mastani lesaning pranakan ingkang warninipun kados silit
ayam punika ; kenthos sarta sami nginten manawi punika dununging
prasanipun papesti. Mila manawi cumbana ngarah sagedipun sirah ing pasta
purusa tansah nyenggol ing lenging pranakan wau sarana dipun
tetep-tetepaken, panginten punika boten leres, awit lenging pranakan
punika manawi kapetel pawestri karaos pegel kirang sakeca, nanging
manawi wanita pinuju mudar prasa monga lenging pranakan wau kapetel ing
sirah ing pasta purusa (dipun tetepaken) punika wanita karaos marem
sanget, lega, tuwuk, anggeripun boten keseron ing pametelipun.
Wonten malih sarjana ingkang
kagungan pamanggih, manawi wanci wiwitipun wudharing asmaragama tumrap
wanita punika boten sami, miturut beda-bedaning kukulitanipun wanita.
Nanging bedaning wanci wau boten kathah kaotipun, namung jam-jaman
sedaya wanci dalu. Pancen prayoginipun cumbana punika inggih wanci dalu,
kiwa tengenipun tengah dalu ngantos dumugi bangun enjing, awit ing
wanci mau kajawi sirep tiyang, kawontenanipun wiji: pinuju pupul manawi
dados putra wahanipun badhe kandel wawatekanipun, manawi wayah siyang
kawontenanipun, manawi wanci siyang dening soroting suryo, manawi dados
putra wahannaipun tipis wawatekanipun. Ing sederengipun cumbana
utaminipun sampung ngantos sare rumiyin ing sakalih-kalihipun.
V. NGAGEM AJI ASMARA GAMA KEDAH MAWI LAMPAH: CATUR BRATA
Sadaya ngelmu punika
katarimahipun kedah dipun rangkepi laku (lampah), makaten ugi ngelmi
asmaragama punika inggih kedah mawi lampah. Dene lampahipun wonten kawan
prakawis (catur brata) kados ing ngandap punika :
- Lila, inggih punika lila dhateng kalong-longan, tegesipun nuruti sapa nedhanipun estri.
- Narima, inggih punika narimah dhateng laladosan tuwin cawisanipun estri.
- Temen, tegesipun boten remen cidra, anuo lena ing patembayan.
- Sabar, tegesipun boten sugih duka, para apura ing kalepataning wanita.
Lampah kawan prakawis ing
nginggil punika manawi katarimah, saged amewahi dayanipun aji asmara
gama, inggih punika wanita saged kadunungan tresna, mantep, sregep,
tumemen nguja sakarsaning priya.
VI. RUBEDANING CUMBANA SARTA PAMBENGKASIPUN
Ingkang prelu kedah sami dipun
engeti, manawi badhe nindakaken sacumbana punika : panggalih kedah
sabar, saronta, sampun daya-daya lumaksana, angentosana manawi sang
pasta purusa sampun kiyat kiyeng, santosa. Manawi dereng kiyat santosa
saestu, mongka lajeng sineru lumaksana, punika asring ambalenjani neng
wiwara, panggalihing priya dereng lega, sang wanite dereng mudhar prasa,
kesaru wiyosipun Sang Hyang Kamejaya. Ingkang makaten punika, kajawi
priya piyambak manggih cuwa, inggih cinedaka batosan dening wanita,
amargi tiwas karaya-raya wawadi binuka, tibakipun boya montra kadamel
lega, malah manggih gela, cuwa. Kacariyos wanita ingkang sampun karaos
keri murinding mongka dereng ngantos mudhar prasa lajeng dipun sampuni,
punika kajawi cuwa sanget manahipun inggih karaos pegel boyokipun
ngantos pinten-pinten jam dangunipun, arata, rak mesakaken.
Kathah para mudha sami remen
ngangge jampi awarni galepungan utawi lisah wonteng ing pasta
purasanipun, supados kuwawi sacumbana dangu, punika saking pamanggih
kulo kirang prayogi, awit danguning cumbana wau lajeng boten timbang
kaliyan kikiyataning sarira, liripun manawi sarira ringkih mongka lajeng
sinengka kangge cumbana dangu : jalanan ngangge jampi wau, punika
ngrisakaken sarira, tur terkadhang jampinipun wau inggih dereng katenan
manawi boteh mawi dat ingkang kirang prayogi tumrap kasaraning sarira.
Punapa malih danguning wanci wau inggih dereng mesthi damel renanning
manahipun wanita. Pawestri manawi sinanggama ing kakung ingkang dereng
lebda dhateng aji asmara gama, danguning wanci wau malah adamel sakit,
sanajan sinanggama apinten-pinten jam dangunipun. Wanita angel sagedipun
mudhar prasa, (ngedalaken rah sapita), malah wewah anyelipun, sukani
renaning wanita punika boten saking danguning wanci, inggih punika
sidagda ngulah ing sanggama tuwin waskitha mawas kedhep liringing netra,
inggih punika ingkang kawastanan kakung undhagi aji asmara gama. Mila
para mudha boten prayogi ngagem jampi-jampi kasebut nginggil.
Dene sarana ingkang prayogi
punika inggih sabar, sareh, boten daya-daya punika wau. Sarta panggalih
kedah ening, bening, awas, eling, pikantukipun :
- Eneng, adamel dangu wedaling rahsa, angandelaken wiji, manawi dados putra badhe panjang yuswanipun.
- Ening, saged karaos nikmat manpangat, ambeningaken wiji, manawi dados putra badhe kadunungan watek guna, kawasa.
- Awas, saged priksa ulat liring wanita tuwin awon saening wiji.
- Eling, enget dhateng wawadosipun wanita tuwin enget amrenah wiji ingkang awon.
Samangke nerangaken rubedaning cumbana. Menggah rubedaning cumabana punika wonten pinten-pinten bab kados ing ngandhap punika :
- Manawi sariraning priya saged kataman ing arip, sakit, luwe, tuwin susah. Milanipun manawi priya saweg kapan dukkan ing rubeda kawan prakawis wau inggih prayogi sampun nindakaken sacumbana.
- Manawi priya cumbana kaliyan wanita ingkang prasaning rahsa boten tunggil bongsa. Kadosta manawi lalawalen kayiyan wanita wredadha, satemah panggalih kapandukan ing raos engah, gela, cuwa, kemba. Manawi tawanan kaliyan wanita ingkang kuciwa ing warni, penggalih lajeng kataman ing raos ewa, merang. Menawi lawanan kaliyan estri ingkang awon snget gandanipun satemah panggalih kadunungan raos neg, geg, geg mila prayoginipun priya milih wanita kagem garwa punika ingkang ngatos-atos, kedah ingkang nunggil bongsa prasaning rahsa wau.
- Manawi priya boten kapadhaning karsa ing salebeting cumbana. Mila prayoginipun priya sampung grusa-grusu : cumbana sarana roda paksa, pangarih-arihipun den aririh, pamilutipun den mamalat prana, rinungruma ing sabda rum sampun ngantos purunipun saresmi wanita wau namung jalaran ajrih ing pameksa sasaminipun kedah sarana seneng parenging panggalih.
- Manawi pasta purusa dereng kiyat santosa lajeng sineru lumaksana, kados ingkang sampun kajarwa ing nginggil, mila prayoginipun manawi pasta purusa wau dereng kiyat saestu, sampun ngantos katindakna sacumbana rumiyin poma den sabar.
Menggah rubeda wangka : punika
pancen kerep sanget dipun alami dening para mudha ingkang kirang
sabarana, menawi priya kataman ing rubeda wau, panulakipun makaten :
kados ingkang kasebut ing bab patraping cumbana manawi priya badhe
kelayu mudhar prasa. Ing salebetipun kendel wau priya kedah amumulya
kridha, tegesipun amumulih gagas, osik, anggelengna prasa tuwin rahsa.
Manawi katarimah, sapandurat kemawon, prasa tuwin rahsa wau saged
gumeleng satemah lajeng saged tumindak malih ingkang tan sangsaya,
nanging tinimbang makaten inggih prayogi ingkang sabar punika wau.
VII. PANGRUKTINING SARIRA
Wonten sarjana ingkang kagunggan
pamanggih, para priya ingkang matekaken aji asmaragama punika perlu
sanget dhahar : dhadhaharan utawi jampi ingkang gadhahi daya benter
tumraping sarira, kadosta : ulam menda mawi bumbu marica pala, tigan
ayam mawi madu tuwin marica, sasaminipun, utawi malih kathah para mudha
ingkang sami remen ngunjuk jampi bangsanipun arak supados kiyat, punika
wau sadaya menggahing kula ingging kirang condhong awit dhadhaharan
utawi jampi ingkang kapratelakaken wau, dayanipun ingkang ageng namung
prakawis kiyating sanggama serta ngindhakaken raos kepengin cumbana,
tundonipun lajeng dados kakung ingkang barancah karem dhateng cumbana;
satemah adamel risaking sarira, prasasat anggege pejah, jalaran kama
punika kadadosan saking sari-sari saking otot ingkang alus-alus miwah
sungsum, milanipun priya ingkang sanget karem ilah langenning asmara
punika adatipun sok kataman ing sasakit ngethok, ngeres, linu, pegel
suda paningal, sasaminipun sarta inggih kenging kawastanan ngecer-ecer
satwa mani maya, wiji badhening manungsa, ingkang tamtu badhe angsal
bebendu saking ingkang maha kuwasa. Kacariyos cumbana punika
prayoginipun kerep-kerepipun ing salebetipun saminggu namung sapisan
langkung saking saminggu saya prayogi.
Dene ingkang prelu kedah dipun
jagi punika bab kasarasaning sarira, sarananipun resikan sampun
tumandang ingkang sarwa nyengka, (langkung saking ukuran) tuwin adhahar
dhadhaharan ingkang prayogi tumrap sarira, kadosta : peresan lembu,
tigan ayam, sekul saking uwos ingkang taksih wuluh, kacang ijem,
sayur-sayuran, sapanunggilanipun, bab punika para nupiksa tamtu boten
kakilapan, manawi karsa ajajampi jawi, para sepuh paring piwulang,
kacariyos lempuyang punika saged nuntumaken urat-urat ingkang lumempit
uwi katilap, dene unjuk-unjukan ingkang prayogi punika : bonggoling
nampu. Kaabennan oyoding lempuyang, oyoding kunir, oyodhing sedhah,
oyoding rumput teki tuwin oyoding nampu punika carub dados satunggal
kagodhog ing toya ingkang ngantos tanah, toyanipun kakantunaken
sapalihipun.
Sadaya ingkang saged ngindhakaken
raos kapengin saresmi punika saking pamanggih kula malah prayogi sanget
dipun singkirna ing sawatawis, kadusta kakathahen wungu, kakathahen
eses, (udud), ngunjuk kopi kakathahen dhahar lombok, sasaminipun ingkang
adamel benter raosing sarira.
Pasta purusa ingkang waras wiris
punika saking pamanah kula boten prayogi dipun rekadaya : dipun unjuki
jampi-jampi ingkang murugaken kirang kiyet, kuwawi saresmi dangu. Awit
dedehiyenging pasta purusa tuwin danguning wanyahe cumbana punika
ingkang saged damel lega rahsaning wanita, manawi priya dereng saged
susilaning sanggama. Ingkang murba wisesa anggenipun maringi gawuhan
saranduning angga kita tamtu sampun mawi ukuran kikiyatan ingkang
timbang kaliyan pigunanipun, amurih kiyating pasta purusa tuwin
danguning cumbana, boten wonten sarana malih ingkang prayogi, mikantuki,
kajawi namung saking sabaring panggalih punika wau.
Dene ingkang prelu tumrap para
mudha punika namung sampun ngantos tumindak utawi dhahar dhaharan
ingkang saged ngendhokaken pasta purusa, kadosta : kelan terong, eses
mawi, uwur kalembak pucuk, sapanunggilanipun, sampun lenggah ing papan
asrep andhodhok kedangon, malumpat wiyar, sadaya punika saged
ngendhokkaken purus.
Nanging manawi priya pancen
kataman ing sakit kirang kiyat pasta purusanipun inggih punika peluh
utawi melur, punika inggih prayogi dipun jampeni ing saperlunipun,
adatipun priya ingkang kataman sasakit makaten punika, manawi boten
kenging alangan sanesipun, jalaranipun saking karem asmara ingkang
ngantos langkung saking taker. Jampinipun : kedah cegah sanggama rumiyin
ngantos samantunipun pungu sarta siram saben enjing, ebah ing sarira
ingkang ajeg, dhahar dhadhahran ingkang sarwa empuk sarta andamel kiyat
tumraping sarira, wosipun sarira kaliyan panggalih kedah tansah dipun
seseger. Ingkang langkung prayogi inggih punika nyuwun pitulunganipun
dhokter tuwin mituhu ing sapitedahipun.
VIII. TUMURUNING WIJI INGKANG WINADI
Kacariyos malebetipun wiji punika
anyarengi lebeting napasipun bapa, Nunten umineb wonten ing utek lajeng
rembes dhateng panon, inggih punika sarining utek ingkang manggen
wonten salebeting menika, wiji ing sasampunipun wonten ing ngriku kawawa
manuksama ing pramana, sarta kawawa amor sarasa, rasaning pramana
andayani saeka karsa, nunten anarik daya serening sacumbana. Punika
saged mewah muncaring pangeksi, dene manawi linantur dados batur,
lahiripun saged mahanani putra.
Menggah badhe kadadosanipun putra
wau ing tembenipun punika manut empaning cipta sarta urubing pramana
wau. Awit duk kala wau wiji sumusup ing pramana lajeng nunggil urubing
pramana, punika upami tetedan : sagreneking ciptanipun wau minangka
bumbu, urubing pramananipun minangka bau. Bumbu manawi sampun kaulet ing
bau, raosipun lajeng kempal, dene matengipun kadah wonten ing pabrik
ingkang sakalangkung premati, dumuning guwa garbaning rena. Kawastanan
yitna maya.
Tanda yektinipun manawi
kadadosaning putra wau miturut empan tancebing cipta nalika sami
sacumbana pupu kiran utawi wawatekaning putra punika ingkang kathah
memper kaliyan yayah renanipun, jalaran ing nalika papasihan wau
tancebing cipta ing sakalih-kalihipun sami kadunungan welad tuwin
tresna. Nanging terkadhang pupu kiran utawi wawatekaning putra wau
memper kaliyan kaki nini, sanak sadherek, tiyang ingkang sanget dipun
tresnani utawi sanget dipun gethingi ing yayah renanipun. Punika
sababipun inggih saking tancebing ciptanipun yayah rena duk kala saresmi
wau saweg tumuju dhateng kaki nini, sanak sadherek tiyang ingkang dipun
tresnani utawi dipun gethingi wau. Milanipun manawi sami cumbana
kaliyan garwa dipun ngatos-atos, sampun ngantos kaselanan cipta ingkang
badhe mahanani kirang prayogi kadadosanipun, leres sanget para sepuh
sami paring wasita wanti-wanti dhateng putra wayah : manawi mentas
saking kekesahan, ngabotohan, kaget, gumun, sasaminipun sampun ngantos
cumbana kaliyan garwa, ingkang dipun kawekani : bok menawi ing
salebetipun sacumbana lajeng kagagas punapa ingkang mentos dipun sipati
kala wau.
Bab wahananing wiji miturut daya
tancebing cipta punika, mila boten aneh manawi putranipu sujanma ingkang
hambek panandhita wonten ingkang boten dados abahan, anakipun tiyang
ingkang karem lampah maksiyat dados tiyang ingkang utami. Awit sang
hambek pinandhita wau duk kala saresmi kaliyan garwanipun, bok manawi
saweg kaselanan cipta ingkang adi. Inggih punika lenggahipun babasan :
bangsa punika madosi bangsanipun (soort zoekt soort). Nanging menggah
lalampahanipun sang hambek pinandhita kaliyan tiyang ingkang krempah
maksiyat mau punika kenging kawastanan saweg kawinujan utawi dumadakan
(nyebal). Manawi adatipun: tiyang ingkang kulina ulah puja brata punika
yekti kathah kaengetanipun, tancebing ciptanipun inggih kerep cipta
ingkang utami. Tiyang ingkang remen lampah maksiyatan punika tancebing
ciptanipun inggih kerep cipta ingkang kirang prayogi wusana dadosipun
putra inggih sami mirib kaliyan tiyang sepuhipun, babasanipun : kacang
boten nilar lanjaranipun.
Wonten malih katrangan bab
dayaning cipta ing salebetipun sacumban, kacariyosaken makaten : manawi
nalika sacumban punika serenging priya dumunung wonten ing priya, punika
manawi ngleresi wahyaning mangsa kala saged dados putra, badhe mahanani
putra estri amargi serenging driya wau prasasat anyipta putri ingkang
endah ing warni. Kosok wangsulipun manawi dados putra mahanani putra
kakung ingkang kathah-kathah, bapa punika tresna dhateng anak estri,
biyung kathah tresnanipun dhateng anak jaler, biyung ingkang nyipta anak
jaler punika wau.
Ing serat widya kirana (*)
amratelakaken miturut suraosipun serat jitab sara, karanganipun balawan
palasara ing wukir martawu, bab wijanganing wiji punika kados ing
ngandhap punika :
- Manawi wiji wujudipun kandel, ing tembe badhe mahanani putra kandel manahipun, manawi tipis inggih tipis manahipun, yen wiji wau ageng, mahanani budi jembar, yen alit yekti rupah budinipun, inggih wiji wau mancorong, badhe mahanani budi ayeman, bilih besem inggih badhe mahanani watak sungkawan.
- Manawi cumbana ing wanci siyang, ingkang tamtu wiji wau tipis amargi pramana nedhengipun amer, yen wanci dalu kandel amargi pramana nedhengipun pupul, mila utaminipun cumbana punika ing wanci akiring dalu dumugi bangun enjing.
Bab wahananing wiji miturut dhateng ingkang andarbeni daya panggendeng, kapratelakaken kados ing ngandhap punika :
- Manusa ingkang saweg tuwuh tancebing cipta welas asih, ingkang tamtu urubing pramana warni pethak sumirat biru amaya-maya, mong kalajeng kataman eneng, punika lajeng kawawa narik wiji, ingkang sumusup inggih sami kaliyan urubing pramana wau, ing tembe manawi mahanani putra : sarwa jatmika, alus kabudayanipun asih welasan ananging kirang panggraitanipun.
- Manawi manungsa saweg katuwuhan tancebing cipta : rila, legawa, murubing pramana tuwin wiji warni jene sumirat ijem ing tembe badhe mahanani putra berbudi, lantip pangraitanipun kajen sasamining tumitah.
- Manawi tancebing cipta pinuju mardika budayan kurubing pramananipun tuwin wiji : abrit ambaranang, ing tembe manawi mahanani putra : limpad pasanging panggraita, wasis ing pamicara sarta emutan ananging cugetan manah.
- Manawi manungsa saweg tuwuh tancebing cipta runtik sapanunggilanipun ingkang tamtu urubing pramana tuwin wiji warni cemeng meles ing tembe manawi mahanani putra, santosa dhateng kaawonan panas baranan tur bodho dhateng kabudayan.
- Manawi saweg tuwuh tancebing cipta methuthuk gumunggung, rumaos kaleresan sasolah bawanipun urubing pramana tuwin wiji : biru muyeg sumirat amarakata, badhe mahanani putra sae manahipun sarta andarbeni karilan ananging sanget bodho.
- Manawi saweg tuwuhan tancebing cipta drengki, urubing pramana tuwin wiji warni wungu sumirat ing tembe badhe mahanani putra andaluya, dora ing pamacara, remen pandamel ngiwa, asring benging sasakit gendheng tuwin wuta.
- Manawi saweg tuwuh tancebing cipta tarima, urubing pramana tuwin wiji : ijem ungu-nguwung, ing tembe manawi mahanani putra hambek apura paramarta, rila, terima, legawa.
- Manawi sujana makulina nungku puja brata aish sasamining dumadi, hambek paramarta, temen narima, ingkang tamtu urubing pramana tuwin wiji warni ijem nem munycar maya-maya, ing tembe menawi mahanani putra : wicaksana, lepasing pambudi langkung saking sasaminipun manungsa, saged mengku darajat ageng.
Sarehning wiji punika bangsanipun
alus dados saged dipun priksa inggih kedah sarana alusing pandulu,
inggih punika saking eninging panggalih, sirnaning karsa, sarehing
panggonda, lereming ponca driya, jatmikaning solah bawa.
Ing ngajeng ugi sampun
kapratelakaken ing salebeting sacumbana punika panggalih kedah eneng,
ening, awas, eling. Pikantukipun. Eneng : adamel dangu wedaling rahsa
tuwin ngandelaken wiji. Ening : saged karaos nikmat manpangat tuwin
ambeningaken wiji. Awas : saged pariksa awon saenipun wiji ingkang
wekdal punika. Eling : inggih punika enget amrenahaken wiji ingkang sae
utawi nglebur wiji ingkang awon, manawi wiji ingkang sumusup wau sae,
kaprenahna punapa samesthinipun, sagedipun katampen ing lenging
pranakan, manawi wiji ingkang sumusup wau awon, kedah kalebur sarana
santosa, sampun ngantos korup nuruti sengseming karsa, inggih punika
kedah kasilipaken mangandhap utawi manginggil utawi kawutahaken wonten
ing jawi kemawon, wosipun sampun ngantos kamaning priya wau katampen
lenging pranakan .(*)
IX. PANUNGGILANIPUN AJI ASMARA GAMA
Aji asmaragama punika wonten
panunggilanipun pinten-pinten samara, pararawung kridha sami yasa nama
piyambak-piyambak, ing ngandhap punika katerangaken namung ingkang
kamanah prelu-prelu kemawon :
Asmara Sabda
Asmara tegesipun : sangsem, sabda : pangandika. Pikajengipun sangsem masa pocapana utawi sengsem dening dayaning pangandika.
Ing ngajeng sampun kacariosaken
priya dhateng wanita ingkang pinurih tresnanipun punika kedah angempakna
tembung manis manuhara. Pamilutanipun ingkang saged anuju prana,
pangalembananipun ingkang saged anuju prana. Ing saderengipun wiwit
nandukaken sabda arum manis wau, priya mawi amaos samantranipun aji
asmara sabda ing salebeting batos makaten :
“Hong Hyang-hyang Kamajaya dumareng karasihan surap sareng asmara, acaneng ulun lumarapa, makecep ring wanita ika, sing dayeng aji asmara sabda, myang wiseseng paduka”.
Aji asmara sabda wau manawi
katarimah saged ambuka sengseming wanudya satemah kadunungan manah asih
tresna, pikantukipun anggampilaken tumindakipun asmara gama.
Ing serat piwulang paniti sastra,
gugubahanipun begawan palasara, ingkang sampun kajarwakaken dening Sang
Rrasu Jayasaya, ing bab 3, nyebutaken makaten : yen wonten ngarsanipun
mengsah umuka ing sabarang damel yen wonten ngarsanipun pandhita
angraosa sarahsaning ngelmi tuwin kawruh, yen dhateng pawestri
angungruma pangandika ingkang akarya asmaraning galih.
Asmara Cipta
Asamara tegesipun : sengsem,
cipta inggih cipta utawi osiking manah. Pikajengipun : sengsema cipta
nira utawi sengsema dening dayaning cipta.
Ing bab patraping cumbana sampun
kapratelakaken sakedhik bab aji asmara cipta, inggih punika nalikanipun
sacumbana, priya anggelengna cipta ! Angalapa pamanah tuwin nyawanipun
estri. Aji asmara cipta ingkang makaten wau, manawi katarimah, wanita
saged karaos marem terusing manah, awit boten namung kalegan dening
patrap pangulah ing sanggama kemawon sayektosipun kalegan rahsanipun
sajati. Asmara cipta ingkang kasebut ing nginggil punika boten ngangge
waosan montra, awit sampun kawengwu ing montra asmara gama.
Aji asmara cipta punika ugi saged kangge sarana ngangkah pawestri (pangasihan) lampahipun makaten :
Priya kedah anyirik kasanggama
tuwin asisirih ing sakeparengipun (ngingirangi dhahar nendra) minongka
lampah. Dangunipun pitung dinten pitung dalu, saya dangu malih saya
utami, upaminipun 40 dinten 40 dalu.
Manawi ing dalunipun badhe
matrapaken asmara cipta wau, priya susuciya rumiyin wiwit sonten sampun
ngantos sare. Ing wanyci tengah dulu lajeng lenggaha, sarira
kasendhekna, patrapipun kados lenggah semedi. Ing ngriku tumunten
angeningaken paningal amepeta pancadriya, pamirsa, panggonda, pamiyarsa,
pangraos tuwin pamiraos, lajeng anyiptaa ; mujudaken warnining wanodya
ingkang kaangkah wau, yen sampun wujud saluguning warni, lajeng
sinanggamaa saking empaning cipta kemawon sinartan maos montra makaten :
“Hong Hyang-hyang Kamajaya dumareng karasikan surap sareng asmara, soteng ulun lumarapa, makecep ring wanita ika, sing dayeng aji asmara cipta, myang wiseseng paduka”.
Manawi sampun widagda sayektos
anggenipun matrapaken adat ingkang sampun kalampahan wanita ingkang
kaangkah wau lajeng supen kados sinanggama ing kakung ingkang nyipta
wau, satemah lajeng nandhang wiyoga (gandrung), saking sangeting wiyoga
ngantos mentala manakaken raosing priya (marahi), tarkadhang tan saronta
lajeng dateng nginggah-inggahi.
Nanging, para mudha kedah enget ;
manawi wanita wau manahipun resik suci, ahli puja brata, punika asmara
ciptaning priya wau boten saged tumama, awit kawon prabawa kaliyan
kasuciyanipun wau, satemah uwuk tanpa dadya, malah wangsulipun cipta
ingkang lumepas wau saged andadosaken kirang prayogi tumrap ingkang
anggadahi cipta, milanipun sampun nindakaken asmara cipta.
Asmara Wanita
Asmara tegesipun : sengsem, wanita : pawestri, pikajengipun : sengsemipun dening wawadining pawestri sampun kasumerepan.
Menggah asmara wanita punika
pigunanipun inggih kalih warni, inggih punika kangge ambuko rahsaning
wanita kaliyan kangge pangasihan.
Kacariyos rahsaning wanita punika
boten ngemungaken dumunung ing boga kemawon sayektosipun wonten ing
saranduning badan sadaya, saben sadinten sadahu aliyan, patrapipun priya
nindakaken asmara wanita punika kados nindakaken asmara cipta, nanging
pawestri kedah katingal kasat mata. Sanajan pawestri pinuju sareyan
lenggah, lumampah, ugi kenging katindakaken patrapipun makaten : priya
angeningna cipta, amepeta pancadriya, amegenga rahsaning sanggama,
nunten rahsaning sanggama wau katarika lajeng katancebna wonten ing
cipta, manawi sampun boten ewah, lajeng katarika malih katancebna wonten
ing panon manawi sampun boten ewah malih lajeng kalepasna dhateng pundi
saranduning badanipun wanita ingkang pinuju kadunungan rahsa,
sinarengana maos montra makaten :
“Hong Hyang-hyang Kamajaya dumareng karasikan surap sareng asmara, kang wanita rumarasa, kataman kanang rahsa mulya, sing dayeng aji asmara wanita, myang wisesang paduka”.
Manawi sampun widagda anggenipun
nindakaken wanita ingkang kalepasan wau lajeng kaget anjingkat sanajan
pinuju tilem kepati inggih meksa saged ngalilir, sarta gadhah raos kados
sinanggama. Estri ingkang katamanan makaten wau sengsemipun kados dene
kataman asmara cipta.
Dene asmara wanita ingkang kangge
pambukaning rahsa, paedahing gampilaken tumibone kikin asmaragama,
patrapipun nindakaken makaten : duk kaya rahsaning sanggama wau sampun
tumanceb ing cipta, manawi sampun boten ewah, lajeng katarika malih,
nanging boten katanjebaken ing panon inggih punika kadekeka wonten ing
pucuking dariji, dariji wau lajeng kagrayangna ing pundi saranduning
badanipun wanita ingkang pinuju kaserenan rahsa, sinartan matek montra
kados ingkang kajarwa ing nginggil, adat ingkang sampun kalampahan
wanita ingkang kagrayang wau raosipun kados sampun sinanggama, sarira
gumriming marinding andhandhang minta tandhing, korining Sang Hyang
Kamajaya sampun kabuka, satemah anggampilaken tumindaking asmaragama.
Menggah dununging rahsaning
wanita ingkang saben sadinten sadalu aliyan punika pratelanipun makaten :
tanggal 1 manggen wonten ing pucuking jempol suku ingkang tengen,
minggah-minggah dumugi tanggal 15 manggen wonten ing tengahing alis ugi
ingkang tengen nunten tanggal 16 pindhah wonten tengahing alis ingkang
kiwa, mendhak-mendhak dumugi tanggal 30 wonten ing pucuking jempol suku
ingkang kiwa. Tanggal punika tanggal jawi. Terangipun amriksanana gambar
ing sisih punika. Supados gampil anggenipun ngapalaken. Kula sekaraken
dhandhang gendhis dados tigang pada, nanging dhong dhingipun inggih
namung sadhawah-dhawahipun kemawon kados ing ngandhap punika :
- Rahsaning dyah dununging mamanis. Tanggal pisan lawan tingang dasa. Pucuk jempol suku manggen. Kalih lan sangalikur, Neng tengahing tlapakan nenggih, Tiga wolu likurnya, Tengah tungkak suku, Catur pitulikur tengah : ing kemiri : gangsal nemlikur manggyana ing : tengah kempol punika.
- Tanggal nenem lan salawe munggih, pucuk jengku : pitu patlikurnya, tengahing pupu sumeren, wolu lan tigalikur, tengah pocong dunungi reki, sanga kalihlikurnya, tengah baganipun, sadasa salikur manggyan, tengah puser : sawelas lan kalih desi, ing tengah payudara.
- Kalihwelas lan sangalas manggih, tengah janggut : tingawlas wolulas, manggen ing tengahing lambe, pat blas pitulasipun, pucuk grana gyaning rahsadi, gangsalwelas nembelas, tengah imba iku, tanggal kang dihin sinebat, apan kanan dekang wuri sisih kering, ye kunut tanggal jawa.
Asmara Tantra
Asmara tegesipun : sengsem, tantra : bala, utawi tiyang kathah, pikajengipun : sengsema tiyang kathah punika.
Asmara tantra punika pigunanipun :
nyanggama wanita satunggal nanging wanita pinten-pinten ingkang sampun
nate sinanggama : saged karaosa sadaya, patrapipun makaten :
Ing salebetipun nyanggama,
sasampunipun maos mantranipun aji asmara gama, utawi boten amargi mangke
badhe kawengku ing asmara tantra, priya wiwita angening ngaken cipta
anglerem poncadriya, nunten ana rika rahsaning sanggama, (rahsanipun
piyambak) rahsa wau katancebna wonten ing cipta, nunten anyiptaa :
mujudaken warnining wanita sapinten kathahipun ingkang badhe sinung
rahsaning sanggama wau. Manawi sampun wujud lagu sajatining warni, kados
dene lampahing asmara cipta, lajeng sinanggamaa salung empaning cipta
kemawon, dene mantranipun makaten :
“Hong Hyang-hyang Kamajaya Ratih,
surap sara surap sari ing asmara, ulun mawisik wanita, matemah yumana
kang rahsa, prahasa naring wanita samoa, kanang ulun cipta, sing dayeng
aji asmara tantra, myang wiseseng paduka”.
Lajeng angedalna rahsa : inggih
rahsanipun pribadi. Katarimanipun aji asmara tantra wau, wanita-wanita
ciptan wau saged karao sinanggama ing alam supena sarta marem caremipun
ugi tan prabeda kados sinanggama ing sawantahipun, kacariyos raden
dananjaya ingkang dados lananging jagad Prabu Arjunasasra ingkang
garwanipun domas (800), sarta prabu surya misesa ing Jengala Manik
(Panji Inu Kartapati), punika anggenipun nyarambahi asung rahsa sarta
nguja arsaning wanita ugi ngagem aji asmara tantra wau. Walallahu alam.
Pungkasaning Atur
Dumugi samanten, pangraos kula
sampun cekap pangimpun kula kawruh sanggama punika manawi kula talusur
malih, maksudipun aji asmara gama punika, kajawi minongka sarana adamel
lega tumraping wanita ing salebetipun cumbana, tuwin pambudidaya sageda
kasinungan putra ingkang utama, inggih ugi minongka panggarenda dhateng
para mudha, supados sami ngulinakaken angeningaken cipta, amepet
pancadriya, analiti sajatining wiji, ingkang dahat sinandi, tuwin
wawadining dumadi. Manawi dipun lampihi kanthi temen-temen ingkang tamtu
inggih tinemu temenan, nanging manawi panggilutipun sembarangan
panindakipun namung kangge mainan, namung kerem dhateng ulah kridhaning
saresmi, sayekti inggih malati, angrisakaken jiwa ragi. Mila sadherek
kula para mudha ingkang kasdu maos serat punika, dipun waspada uwosing
wasita. Pemut kula :
Rasak ele yayah madu brangti, den
tamamet uwosing wasita, brata lena mrih pratameng, tata susileng lulut,
ketong ngesthi kotameng siwi, salamet mengku garwa, wajibing priyanung,
kalamun sisip ciptanta, dhineseking tyas kerem langening resmi, risak
jiwangga nira.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar